Cathetan Rasa Tanggung Jawab
Gara-gara rabi, urusan sikel iki jan dadi
pertaruhan tenan.
Jan-janjane, Aku iki tipe wong sing paling
alergi karo sing jenenge munggah gunung. Wiwit jaman kuliyah puluhan taun
kepungkur, yen ono kanca-kanca sing heboh ngajak, "Ayo, pasang tenda nang
Merbabu!", utawa "Gas sunset-an nang Prau!", wangsulanku
mung siji: matur nuwun, mending Aku turu nang omah.
Alesanku dudu mung amarga aku lemah utowo
sikil gampang "ndredek" yen dienggo mlaku adoh. Aku duwe keyakinan
dhewe yen gunung kuwi nduweni "wilayah" lan pakurmatan sing kudu
dijaga. Gunung dudu nggon nggaya, lan ora kabeh wong kudu munggah mrana yen
mung arep nuruti gengsi. Meneh, akeh wong sek munggah gunung mergo Fomo. Fomo
iki ora muk perkoro munggah gunung, ananging perkoro liyo koyoto melu Fun
run, lan sapanunggalane. Fomo soal liane bakal tak critake nang tulisan
liyo. Tulisan iki khusus Crito mendaki kali talang.
Nanging, ya ngono kuwi sing jenenge jodoh.
Gusti Allah kuwi pancen pinter nggawe skenario komedi. Hal sek ora tak lakoni
mergo prinsip, kudu dilakoni mergo tanggung jawab. Pancene soyo tuwo, kudu soyo
iso kompromi.
Aku, wong sing ora tau idhep-idhep munggah
gunung, senajan sandangan seko sandal tekan Sepatu cerak karo merk outfit
mendaki gunung, ndilalah diparingi bojo sing senengane njajah alas lan munggah
puncak. Bojoku iki tipe wong sing yen ndeleng pemandangan kabut tipis nang
gunung langsung matane berbinar-binar. Hobi sing jan bedo bumi langit karo Aku
sing luwih seneng nongkrong ngopi nang angkringan.
Nah, sawise resmi dadi bojo, prinsipku
sing teguh kaya benteng iku mboko sithik miwiti runtuh. Dudu amarga aku
kepengin gaya-gayaan, nanging amarga siji hal: rasa tanggung jawab.
Bojoku seneng mendaki. Mosok ya aku tego
ngejarke bojoku munggah gunung dhewekan utawa mung karo kanca-kancane, dene aku
penak-penak selonjoran nang omah ngopi ro netflixan? Jan ora lanang tenan. Yen
bojo seneng munggah gunung, ya aku kudu siap dadi guide lan porter
benteng pertahanan paling ngarep—sanajan ateges prinsip kudu dilanggar, sikil
kudu dijajal.
Kanggo wiwitan, bojoku sing pangerten iki
ora langsung ngajak aku menyang Semeru utawa Rinjani (yen kuwi, cetha aku
langsung njaluk gendong wae). Dheweke milih papan sing ramah kanggo pemula
tingkat dewa kaya aku: Kali Talang.
Jarene, Kali Talang iki papan sing pas.
Ora usah nganti kram weteng, wis bisa ndeleng gagahe Gunung Merapi saka cedhak.
Pemandangan nang Kali Talang kuwi pancen
ora ana obate. Merapi ngadeg gagah banget nang ngarep mripat, kaya dene raksasa
sing lagi turu nanging tetep ngancam. Puncak lan tebing-tebing batune katon
cetha banget, direnggani tebaling kabut tipis lan wit-witan ijo. Ana rasa
genter, nanging uga ana rasa kurmat sing jero banget marang alam. Keyakinanku
ora kleru: gunung kuwi pancen agung lan ora kena dianggep remeh.
Tekan ing titik pandang Kali Talang,
disuguhi pemandangan Merapi sing semono megah lan gagah. Aku pancen dudu
pendaki sejati sing bakal naklukake puluhan puncak. Nanging yen bojoku ngajak
menyang gunung liyane, ya tetep mangkat. Wong jenenge wis siji atine, sanajan le
ngejak karo mlirik lan le turu ungkur-ungkuran nek ora dituruti. Untunge iseh
iso disemayani, Tapi kudu tetep mangkat.
"Munggah gunung pisanan iki mulang aku akeh hal: bab pakurmatan marang alam, bab ngimbangi karepe pasangan, lan bab rasa tanggung jawab sing maune dadi motivasiku mangkat, saiki malih dadi rasa syukur sing gedhe banget."











Tidak ada komentar: